Sesorah Basa Jawa
Sesorah Basa Jawa
Assalamualaikum
Wr.Wb
Ingkang
kinurmatan Ibu Kepala Sekolah SMP N 1 Banguntapan, Para Tamu undhangan, Bapak/Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati. Kanca-kanca kelas 9, adhik-adhik kelas
7 lan kelas 8 sing dak tresnani
Mangga
kita sareng-sareng ngaturaken puja-puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang
sampun paring rahmat sarta hidayah, ing wekdal punika amargi kita sedaya taksih
saged makempal wonten mriki kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa.
Sholawat
mangga kita aturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tunggu
safaatipun wonten ing akhir zaman.
Para
Rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka sesulih siswa-siswi kelas 9, ngaturaken
agunging panuwun tanpa upami dhumateng Bapak lan Ibu Guru SMP N 1 Banguntapan. Awit kaikhlasan tuwin
katresnanan nggula wentah kula sakanca ngrampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun
kaparingaken tigang warsa. Kula sakanca naming saged mamuji mugi-mugi sedaya
amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT saha
tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan ketentreman.
Boten
kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring damel
Bapak utawi Ibu Guru kuciwa awit saking atur lan solah bawa kula sakanca kelas
9 ingkang mboten mranani penggalih.
Para
rawuh ingkang kinurmatan ing wekdal punika, kula sakanca nyuwun pamit lan
nyuwun donga pangestu panjenengan sami mugi-mugi sesampunipun medal saking
pawiyatan mriki kula sakanca saged ngelajengakipun ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan candhakipun lan mugi-mugi kula sakanca saged kasembadan ingkang dipun
sedya.
Mekaten
ugi kangge adhik-adhik mugi-mugi adhik-adhik kelas 7 lan kelas 8 saged ngangsu
kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae lan saged monceraken pawiyatan punika.
Para
rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur kula. Menawi kathah kalepatan atur saha
solah bawa kula ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samudra
pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum
Wr.Wb
Komentar
Posting Komentar